Friday, January 7, 2011

Our Four Brothers .:-)

Sedulur papat kalima pancer

Saben wong mono duwe sedulur tunggal kelahiran lan tunggal weton. Wujude? Apa bae sadengah makhluk kang urip ing alam donya sing ngalami netes utawa lahir utawa mrenca, mbuh sing duwe wadag utawa sing tanpa wadag. Sedulur mau kapantha dadi telung golongan.

Golongan kapisan sedulur tunggal weton lan tunggal dalan kelahiran.  Ya iku kang metu saka guwa-garbaning biyung manut dalan  kang lumrah (aku ora ngerti nek si bayi dilahirake sarana bedah caesar, duwe sedulur tunggal dalan opo ora... he he he he), arupa: 1. kawah (air ketuban), 2. getih (rah), 3. puser lan 4. ari-ari

Biasane wong Jawa nganggep sedulur papat iku ya iki sedulur tunggal weton lan tunggal dalan kelahiran. Pancere sopo?



Pancere ora liya awake dhewe kang urip lan adeg-adege amarga oleh nugrahaning Gusti, dipapanake nang ragane manungsa ya awak-awak ngene iki, disengkuyung karo sedulur spiritual werna papat mau. Lha ya nalika nang kendhaga suci si papat mau njalari awak-awak iki bisa tuwuh nganti lahir. Bar iku njut nang endi, wong biyen nate urip? Pinracaya yen sedulur papat mau njut tunggal sajiwa ambek si Pancer.

Golongan kaloro, sedulur tunggal biyung, tunggal weton ning seje dalan kelahiran. Iki sing disebut jeneng Sedulur Marmati. Wujude rong perkara, sepisan kumesare si Biyung merga arep oleh momongan sing umume wohing rasa sih-katresnan lan diarep-arep lahire. Kelorone rasa was-was sumelang lan kogek-kogek, kepriye sing bakal disandang dening si bayi kang arep lahir. Mula Marmati iku dianggep kakang, lahire luwih dhisik lan liwat "dada"-ne si biyung.

Sing katelu golongane kabeh makhluk kang "anane" tunggal weton. Makhluk apa wae titahe Gusti Kang Maha Kuwasa kang anane bareng wetone ambek si Pancer.  Umpamane aku, lahir ing dina Jemuah Wage nalika tanggal 31 Agustus 1962, mula makhluk apa wae, mbuh manungsa mbuh dudu, mbuh sing ketok mbuh sing ora ketok mbuh, kewan mbuh tetuwuhan, sing lahir saka biyunge, netes saka endog, tukul utawa mrenca (umpamane carang pring kang tugel saka emboke terus tuwuh dadi pring anyar) mbuh sing metu saka kayu-watu, ing tanggal 31 Agustus 1962 wiwit wanci jam 00.00 nganti 24.00, iku kabeh sedulurku tunggal weton.

Mamula ing peradaban lan kabudayan Jawa iku kabeh makhluk akhire tinemune ya sedulur. Ora ana kang wenang dimungsuhi, apa maneh mik digethingi.... Lha apa maneh nganti memungsuhan ambek pepadaning manungsa. Cilaka ngempet iku....:-)

Sebab kabeh punjer lan sangkan-parane ya mung siji lan nyawiji kang sarta nyawijekake. Ya iku ora liya Panjenengane Pangeran Kang tan Kena Kinaya Ngapa. Sing demen mbedak-bedakake bakal kesingsal mengkone ora bisa nyawiji maneh nang asal-usule. Opo ora wedi? Dadi kijenan ing jaman mengko?

Kabeh mau yen cara Barat, dadine paham MEGANTROPHUS, nganggo boso Yunani kuno. Kecenderungan Raya. Kepriye polah lan arahe jagad... ya ing kono papane Sedulur Papat Lima Pancer... Megantrophus... kabeh sedulur....  ora ana mungsuh ora ana satru. Yen wis mangkono, manungsa bakal dadi Sang Ajata Satru, manungsa kang ora duwe mungsuh.... Wenange mung bisa dadi Co-creator tumraping Gusti KTKKNg, tumindake mung sarwa manembah lan sumarah ing Ngarsane Gusti KTKKNg.


[Sedulur ing Bali ngarani iki minangka EVOLUSI JIWA; tegese kabeh jiwa, kabeh nyawa iku amarga asale saka kang Maha Apik, mula kepengine ya dadi sangsaya apik, nganti diwenangake MANUNGGAL mring Brahman. Yen ora ngono tegese Sang Brahman ora Adil. Mosok dadi makhluk sepisan wae kok dadi wedhus.... bisane mik dikurbanake, disembeleh, utawa dimangsa macan....

Para sedulur, mangkene aturku lan pangertenku. Panjenengan kabeh iku sedulurku lan pada-pada nyedulur miwah ayo mbangun paseduluran.  Pancere awake dhewe-dhewe, kang supaya bisa  padha-padha dadi pangiketing Meganthropus.

[tinulis ulang saka anggitane mBah SoeL duk nalika tahun 2004]

1 comment: