Friday, January 14, 2011

Boso Sansekerta #1

Hambleging Basa Sansekerta

Irah-irahan iku sak temene tak jupuk saka artikel sing ditulis ambek Syama Rao ing http://www.dalistan.org/terus/sambungane_akulali/ (sing wis dituup ambek pamarintah India) nganggo judul gedhe "Anti Sankrits".

Ning artikel pirang-pirang bab iku tibake isih akeh sing awujud panjangka. Si Syama Rao nduga yen basa Sankrit sing saiki jare mung kari wong 350 sing nganggo omong-2an, bakal cures, mati karepe dhewe. Ning iku kabeh ana sebabe.

Kaya sing nate tak tulis sithik ing epilog nek ra kleru, basa sansekerta kuwi basa racikan. Basa kang dianggit dening para brahmana (mulakmen angger crita wayang kuwi raja-raja akeh-akehe anak brahmana bul ngono tah?). Terus tujuwane uga ora becik. Tujuwane ben "ajaran" sing dianggit anyaran sansaya angel diakses dening wong umum. Ditambah maneh, dikeki aksara rakitan anyar. Dijupuk saka aksara keluarga BRAHMI, sing huakeh bianget, ben ketok nek aksara kanggo Sansekerta kuwi dadi "mboke aksara Brahmi" (Sak mono uga gandheng dirakit saka basa sing huakehe ora mekakat ing tanah Hindustan, basa Sansekerta malik kaya dadi emboke basa-basa Hindustan, malah gandheng ilate ilat 'arya' tegese wong saka laut kaspi tekan mediterania, wong putih, bule... terus basa kuwi uga kaya-kaya dadi emboke basa-basa euro-aryan, nganti anglo-aryan. (nek keren-aryan angel sing golekke kayu...)

Pokoke basa sansekerta ambek aksara devanagari tambah angel tambah angel disinaoni ambek wong umum. Malah para brahmana terus mojar, kanggone darah satriya, bisa ajar nulis devanagari nek wis mati ambal kaping 30 nganti 60... Lho rak apa tah? Mung heranku kok ya biyen wong-wong kono ora mbalik nganggo aksara asline dhewe-dhewe (mung siji basa sing bener-bener bebas sankritisasi ambek devanagarinisasi, yaiku basa TAMIL. Tekan saiki.... bener-bener bebas!

Cethane, basa kang sansaya angel, sansaya ruwet, utamane ing panulisan, biasane ya ambruk yen ana basa liya sing "menyerbu", kecuali nganggo cara-cara brahminsme iku. Kalebu nganggo ajaran agama. Ning dongeng sing diagamak-agamakake.... terus ana purushameda (kurban uwong), ana aswameda (kurban jaran) terus 'mateni bayi wedok'... lho kok nular tekan Arab jaman jahiliyah?, terus SATI (randha kudu melu diobong bareng mayite sing lanang). Terus gawe aturan DEVADASHI, semacam harem utawa perbudakan wedok. Terus gawe perbudakan... terus... wah ora entek mengko...

Lha, ngene para sedherek... biyen sankritisasi iku uga tau nyerbu jawa, sing nggawa sebagian kaum SAKA (Aji Soko), mulane ora kabeh mlebu tur wis nyleneh. Ning Jawa wis duwe jawa kuna sing bisa muni vokal rena 32. (babone mung 8). Mulane, basa sansekerta angler mlebu ning ora ngrusak basa jawa kuna, apadene basa jawa ngoko. Malah dianggo memperkaya. Mula njut ana dasa nama, salin swara, lingga-basa lan sak piturute.

Lho.... ngene lho wong jowo iku, nek isih ngurmati basane dhewe. Sansekerta sing nang Hindia gawe holocaust maha hebat wiwit 1500 BC nganti 1500 AD, kok nang kene mik ditampa blung, dijawakake, dadi basa KAWI.... hehehe.

Lha saiki rasakna basa jawa kelebon maneh basa-basa liyane, terutama Arab. Hehehe.. fardlu ora duwe aksara, didadekake perlu... mula mung sak perlune wae aku nulis iki... dene yen kedawan, nggih mang pedhot piyambak...

Pareeeeng,

Isigaki 22 Desember 2003,
ngenteni mulih kerja!

mBah SoeL

No comments:

Post a Comment