Friday, January 14, 2011

Gunggunge Aksoro

Nalika nang Ishigaki - Okinawa, pas istirahat kopi (coffee break) aku biyen nate rembugan karo Pak Mohammad Abdhul Kasheem Chudhory, kancaku riset nang saka Bangladesh. Nggonku ketarik rembugan jalaran weruh Pak Kasheem lagi maca koran online saka Bangladesh. Eman dene tulisane tulisan Benggala, yaiku tulisan kang dianggo ambek wong Bangladesh lan sebagian wong India cedhak-cedhak Bangalore lan Calcuta (Kalkata - saiki), ngono tukku krungu ngendikane Pak Kasheem. Mbuh bener apa luput, sing cetha Pak Kasheem iki sawijining dosen Universitas Pertanian ing Bangladesh sing papane luwih cedhak nang Calcuta-India tinimbang nang Dacca (Kaya Pekanbaru luwih cedhak nang Kualalumpur ketimbang nang Jakarta, ngono pepadhane).

Ketarik merga tulisan Benggala kuwi cara migunakake kaya dene basa jawa yen ditulis nganggo carakan. Ning bedane aksara mau tinulis nggandhul, tegese sing papak ndhuwur, terus pating plungker pating tlolor mengisor ngono. Sak liyane nggandhul, aksara-2 kuwi uga tinulis nyambung-nyambung saben sak tembung. Dadi yen kena diumpamakake ngono meh padha karo carane nulis aksara gambar saka Cina utawa sing nang Jepang dadi Kanji. Ning ya beda maneh, wong aksara gambar cara Cina iku maewu-ewu, merga kepengine wong Cina biyen sak tembung kudu ana sak aksara. Lha nek tembunge tembung sing mujudake tembung rakitan (kata majemuk) lha rak dadi sapirang-pirang.

Iseng-iseng aku takon nang Pak Kasheem. "Jumlahe aksara Benggala iku pira?" Pak Kasheem njawab "Patang puluh enem, ning sing kanggo umum mung telung puluh enem. Sing sepuluh iku kaya dene sandhangan, kanggo mbantu maca kanggone wong sing durung biasa nganggo bahasa Benggala iki."

Ooo, kok meh padha karo aksara gawean Jepang, sing 46 jinis ketambahan 2 dadi 48 ya? Ngono panemuku kang tak aturake Pak Kasheem. Terus aku takon lha tulisan "Kasheem iki kenapa ndadak nganggo e double?" Pak Kasheem paring pitutur: "Lha merga carane maca ora bener-bener /e/ ning semu /i/, janjane nek nganggo aksara Benggala ngene iki, (sambil nuduhake fonem sing unine /sheem/) dudu iki (nuduhake sing unine /shim/). Wooo, dhong aku, merga fonem sheem kudu ditulis nganggo aksara romawi, dadi ngono ya? Ning kok ya wong Jepang sing dha kenalan ya ndang ngerti nek Panjenengane iku jenenge Pak Kasheem, dudu Kashim utawa Kasem?

Terus tak aturke nang Pak Kasheem yen aku iki wong Jawa, sing biyen jarene uga duwe aksara sing sebagian unsure saka wilayah Benggala eh.... maksudku India kuna. Jenenge Caraka, terus jumlahe ora akeh-akeh nemen mung ana 20 'aksara' ning ketambahan sandhangan-sandhangan sing pating plungker ambek modifikasi aksara yen antarane konsonan ketemu konsonan. Ning carane nulis ora 'nggandhul' malah kepara ngadeg, kandel tipis. Yen narik munggah tipis yen mudhun kandel (aku nulis aksara "ha")

Pak Khaseem gumun, kok bisa mung 20 aksara? Wong Indonesia iku rak pinter nirokake basane wong liya, kudune akeh aksarane, no? Aku njur njawab, "Lho iki rak aksara kang diaku asli aksara Jawa. Dadine biyen mono wong Jawa ya ra tau muni tembung-tembung sing nganggo konsonan 'f', 'x', 'ch', 'sy', 'sh', 'q', lan sak piturute kang awujud gabungan antarane konsonan-2. Duwene mung 'ny', 'ng', 'dj', 'kr' ketambahan uni-uni diftong sing nang ngarep tembung kanggo nggampangake pocapan: (e)m lan (e)n. Lha gandheng saiki aksara Jawa ra dianggo maneh, kudu diganti aksara Romawi, ya kaya basa njenengan iku, akeh sing geseh. Ning kanggone wong sing wis biasa omong jawa terus ngerti tulis, maca tembung-tembung jawa ya ora ana alangan kok.

Eeee, dumadakan dheke takon, "Nek aksara kanji kuwi kepriye, Sampeyan rak bisa maca ta?" Aku mangsuli, "Ana sauntara kanji sing aku ora bisa maca ning ngerti karepe yen wis dijejer dadi tembung rakitan utawa ukara, ning uga isih lumayan sing aku apal wacane. Jarene guruku bahasa Jepang biyen, kanji iku diadopsi saka Cina sing jare jumlahe puluhan ewon. Ning terus ora praktis, njut dipilihi sing bisa madhahi tembung-tembung Jepang asli. Saiki sing umum nganggo aksara sing disebut 'Jouyou Kanji' (aksara kanji kang umum dianggo). Joyo Kanji iki kudu diapali ambek murid lulusan SD, jumlahe udakara 1024. Ning sing akeh-akeh kanggo jare mung 400 aksara. Dadine yen wong asing apal sing 400 aksara (40% Joyo Kanji) wis bisa komunikasi karo wong Jepang sarana basa tulis, senajan dheweke ora ngerti kepriye unine. Ngono biyen ngendikane Pak Guru bahasa Jepang ing Shinjuku, dhek aku takon, sakdurunge Kanji ana, tembung-2 Jepang apa mung sithik?"

Pak Kasheem manthuk-manthuk. Ning tetep bae dheweke wegah yen kudu sinau bahasa Jepang. Apa maneh ngerti paling sithik apal artine 400 aksara ngono iku... Durung tembung rakitan (idiom), jarene. Mung sing cetha Pak Kasheem kalebu sing eram ngerti yen aksara Jawa iku mung duwe 20 aksara, ning wong Jawa (Indonesia) kok luwih prigel nirokake basane wong liya?

Malah aku terus muni: "Luwih pinter wong Eropa, bisa nemokake 26 aksara kang bisa dianggo nulis maneka warna bahasa saiki iki.

Pak Khasheem, mesem.... "Iya-ya!"... rembugan cuthel jalaran waktu istirahat ngopi wis entek....


mBah SoeL

No comments:

Post a Comment