Friday, January 7, 2011

Nyawiji (Integrated)

Nenandur lan ngopeni rajakaya kanthi nyawiji(maksude terpadu utawa integrated)

Manawa sejatine ing jagad iki kahanan kang paling gumathok, jumbuh lan imbang iku ya mik nang BUMI. Ning bumi bisa kaya mangkono iku amarga kanthi premati dipapanake dening kang nitahake.

Contone wae ing keluarga SRENGENGE (tata surya), ya mik merga bumi iku adohe saka srengenge kang pas lan duwe WULAN, njalari kaya mangkene iki. Uga gravitasi (dayaning bumi kanggo narik maneka warna wewujudan kang kumleyang ing angkasa) kang sakmene gedhene iki kang bisa hanjalari bumi iku
urip.

Lha saka endi panguripan iku? Jarene sing padha ngerti, prabote wadhag panguripan iku ana 4 sumbere. Yaiku: 1) bumi iku dhewe, 2) banyu, 3) angin (gas, barang ngabar) lan 4) angkasa ing sak njabaning kurungan bumi. Lha ning, banyu iku harak ana ing bumi, to? Gas utawa barang ngabar iku harak ya ana ing angkasa lan malah kepara nang njerone bumi ta?

Ya pancen ngono. Ning iku saiki. Ora kaya jaman bumi iki tinitahake dening Kang Maha Kawasa. Biyen bumi iki wujud barang ledra-ledre panas banget sing munyer mula bareng adhem wujude dadi ngene iki. Pating brocel, munggah-mudhun plenyak-plenyok.  Nalika durung adhem kulite,  ora bakal ana banyu.  Anane mik calon-calon barang tosan (mineral) sing mongah-mongah kaya dene lahar ing gunung-2. Lha apa ya ana asep-e (keluke, kukuse)? Wah, ya embuh ya. Lha kukus iku harak banyu kang ngabar. Nek ana mesthi dudu keluk kang kaya saiki, ning bisa wae keluk saka NH4 utawa welirang.... Bisa uga CO2.

Lha njut banyu? Nah iki, ngenani banyu iki sing bisa dadi pituduh mendah kaya ngapa bumi iki rinipta lan cinipta kanthi premati, taliti lan sarwa jumbuh. Biyen dhek bumi isih mongah-mongah ora ana banyu (H2O). Bisane ana? Miturut para ahli kabumen hehehe, banyu kawitan iku asale saka LINTANG KEMUKUS, kang buntute awujud ES. Tugelan-tugelan buntut es mau kang asale embuh saka pirang lintang kemukus, tiba ngudani bumi kang mongah-mongah. Tugelan tiba, ngabar dadi kukus kang ketarik maneh dening bumi kang sangsaya adhem, ndadekake udan kawitan.

Lha jarene papan panggonan udan buntut lintang kemukus mau ora liya ya ing papan khatulistiwa iki. Kalebu papan Nusantara iki. Sabab jaman samana daratan Afrika iku isih ana ing mbang kidul (kutub selatan). Udan sangsaya deres (lha wong etungane atusan juta tahun je...) suwe-suwe ana banyu ngembeng, banyu nresep bantala, kukus lan uga bahan-bahan liya kang perlu H lan O, kaya ta CaCO3 (gamping), H2S, lan liya-liyane. Barang-barang iku wiwit ana dayane dhewe-dhewe. Mungguh ing ngelmune kimia ing sekolahan, ana kang sifate dadi asam, dadi basa lan netral (uyah).

Suwe-suwe mbuh kepriye antarane C, H, O, N lan liya-liyane mau dadi wujud urip kang sepisanan. Lha ing kene iki sing dadi pitakonan... Barang kang bahane padha kok bisa "urip" wujud apa kang sinebut DNA. (Virus iku kalebu wujud urip kawitan, jarene). DNA sangsaya akeh lan amarga cecampurane maneka warna mujudake urip kang luwih bisa dijinisake. Wiwit ana rerupan remit kang sinebut BAKTERI. Bakteri iki ana kang uripe saka welirang thok, wesi thok lan liya-liyane kang thok iku. Welirang dijupuk daya gunane dening bakteri welirang, wesi dijupuk daya gunane dening bakteri wesi lan sak panunggalane. Iku sing nang jero bantala. Sing nang njabane, bakteri tambah akeh jinise lan suwe-suwe ana kang bisa nangkep dayaning surya lan banyu kanggo urip lan mrenca. Saka bakteri-bakteri iki diasilake O2, nganti suwe-suwe ing angkasa (atmosfir) kandhutane O2 iku dadi 20 - 21%, dene CO2 sangsaya entek disedhot ambek wewujudan urip kang sangsaya maneka warna.

Coba dietung perlu pirang yuta tahun iku? Jarene bumi iki cinipta udakara 4.5 milyar tahun kepungkur. Wiwit ana gejala kimia, jare 3.5 milyar kepungkur lan wiwit ana panguripan kawitan udakara 2.5 milyar kepungkur. Kanggo nganakake wewujudan wadhag tetanduran nganti rumagange kewan-kewan jarene 1 milyar tahun.

Lha pitakonan saiki. Saka endi asale nyawa? Sebab nyawa iki sinandang dening sadhengah makluk kang urip ing bumi. Mbuh iku wujud makluk remit, tetuwuhan utawa kewan. Mung wae sing kurungane paling sampurna ya mik manungsa. Ya mik ana sing gawe geguyonan bandingane manungsa ambek bedhes. Jarene mik ana ing JANGGUT lan PIPI.

Janggut lan pipine manungsa iki sing bisa gawe swara maneka warna. Swara kang manekawarna iku bisa mujudake BAHASA. Bahasa iku manekawarna sebab kahanan manungsane kang urip uga ing papan manekawarna. Coba digatekake, kenangapa basane wong Bule kae akeh ngeses, akeh sing dobel wandane, akeh sing ngorok... kaya basane wong Arab lan Yahudi... Lha ya sebab swara-swara kang bisa ditirokake dening manungsa ing papan-papan kono ya swara kang ngeses, ngorok lan dobel-dobel wandane iku.

Ning nek nang Nuswantara, apamaneh Jawa, swara mau banget maneka warna. Mula njut ana DASANAMA. Dadi babagan bahasa iki wis kinodrat bareng ambek bangsane. Lan bahasa iku dadi sarana lan prabot lahire BUDHAYA lan PERADABAN. Kabeh mau anane merga dikersakake dening Kang Maha Kawasa. Ngapa ngono? Sebab nyawa iku uga saka Panjenengane.

Dadi umpamane bahasa kuwi oleh dianggep kaya dene GENETIK ngono, ing manungsa mesthi duwe GEN BAHASA. Ana gen Jawa, gen Cina, gen Arab, gen Bule.... lan liya-liyane. Mung wae rumagang lan owah-owahane gen Bahasa iku bisa sarana SINAU lan AJAR.

Wong tuwa ngajari anak ngenani Bahasa. Terus si Anak bisa ngucap bahasa mau. Ngono sak banjure. Lha yen bahasa dipeksa kudu nganggo salah sawijine bahasa, wis mesti ana "Pemberontakan Gen" sebab upaya ngono kuwi ora jumbuh ambek MEGANTHROPUS. Utawa Kecenderungan Raya. 

Apa ta kecenderungan raya iku? Ora liya obah-mosiking jagad. Yaiku kabeh kang sinebut 'nyawa' bakal bali ing asal-usule. Sebab nyawa iku bagiane jagad. Jagad iku munyer-mobah-mosik ning ora winates. Nyawa ya ngono... melu munyer mobah-mosik.

Sing gonta-ganti mik wadhahe kang dening Kang Maha Kawasa cinipta lan rinipta kanti premati lan jumbuh perlu milyaran tahun lawase. Wadhag iku bakal bali (ora bisa ilang) ing sumbere dhewe-dhewe. Sing saka bumi bali ing bumi, saka angin bali dadi angin, asal banyu bali mulih nang samodra, sing saka langit bali mulih nang angkasa (energi). Dene nyawa bali marang sumbere. Ya mung sumbere mau kang WIKAN.

Untung wae nyawaku saiki diwadhahi wadhag manungsa... lha nek wadhahe semut lak ciloko aku... gudu golek gula sakuwen-uwen... hehehehe....

Ki Denggleng Pagelaran,
webmaster Ngelmu Urip Sekarjagad

1 comment: