Friday, January 14, 2011

Boso Sansekerta #2

Sansekerta dudu mboke bahasa, ning....
Dewanegari dudu mboke aksara Brahmi, ning....

Tulisan iki sumbere saka artikel kelompoke wong-wong pergerakan anti Brahmin, sinebut Ambedkar utawa Dalistan, sing ditulis dening Syam Rao, judule: "The Anti-Sanskrit Scripture".

Ing tulisan iku isine pepak ngenani bahasa sankrit lan aksara Devanagari (ing kene dadi Dewanegari). Bukti-bukti sing diaturake ambek Pak Rao kena di-
ringkes dadi: 
  1. Slow Speed of Writing - Writing in Dev Nagari is much slower compared to other scripts.
  2. Slow Speed of Reading - Reading text in Devanagari takes much longer compared to other scripts.
  3. Large Number of Alphabets - Devanagari has more than 500 alphabets; hence printing in Devanagari is highly expensive. 
  4. Illiteracy - Wherever the Brahmins enforced the Devanagari script, the entire population  sank into gross ignorance. In fact, Devanagari and Sanskrit were created by the Brahmins for that purpose only - namely, the destruction of pre-Brahmanic civilizations
Ing pirembugan luwih ngalor-ngidul-ngetan-kelawan ngulone, jarene Pak Rao, sak durunge
tahun 1000 Masehi(an), ing tlatah India ora ana sastra tulis sing nganggo basa Sansekerta lan nganggo aksara Dewanegari. Sing ana mbalah basa Pali, Bengali, lan punjere saka basa Prakrti... sing artine "the natural language of south asian venicular civilizations". Ning kena ngapa kok akeh ahli bahasa sing setuju (nganggo bukti-bukti yen basa-basa kulonan lan sebagian wetanan, akeh sing tetembungane memper sansekerta) yen sansekerta kuwi emboke basa-basa ing donya? Ambek Pak Rao diwalik, sansekerta bisa ngono iku sebab dirakit saka basa-basa sing pirang-pirang, nganggo ilate wong Arya sing darah Brahmana. Brahmana kepengin tetep duwe panguwasa, mula perlu "nyidhemake" ngelmu lan ajaran-ajaran, terus ngrakit basa kang angel, uga aksara kang angel ditulis lan disinaoni. Ketambahan maneh, wong-wong sak liyane darah brahmana ora oleh maca lan nulis tulisan-
tulisan kang ngemot agama lan hukum kemasyarakatan, sebab durung wancine. Ngenteni  suk yen wis lahir ambal kaping 1000 (kanggone Sudra), kaping 120 (kanggone vaishya) lan kaping 60 kanggone kshatryia), lan kaping 10 000 kanggone para chandhalla (buta, brekasakan, kewan, lan sak piturute kang asipat urip).
 
Kanggo nambahi remite diripta pirang-2 dongengan wiwit asal-usule manungsa, nganti kukuting jagad. Kalebu nganggit virakavya Mahabharata lan Ramayana, nganggo patokan sejarahe wangsa Arya-Brahmana wiwit tahun 1500 SM tumekane wangsa Maurya lan Magada....
 
Lho sak mungguhna tulisane Syam Rao iki bener, wah... mendah sengsarane wong-wong tlatah India... mula ana saperangan wangsa kang keplayu tekan Selandia Baru lan Australia dadi Aborigin, uga tekan Jawa jejuluk Ajisaka.... mung merga pengin uwal saka penjajahane wangsa Arya-Brahmana, sing dewane iku Hyang Indra, jago perang lan salah sawijine "Patricide" sing mateni bapake dhewe, merga bapake njupuk omben-ombene anake tanpa nembung!
 
 
mBah SoeL
Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti
Jaya-jaya wijayanti, lestari nir hing sambekala
Malist gojegan (omahe mBah SoeL):

No comments:

Post a Comment